Selamat datang di http://rajiman77.blogspot.com {sometimes there is someone that is always there in the heart bur not in everyday life}

Buku Tamu

Rabu, 30 Oktober 2013

bersyukur



Sampun saktrepipun bilih kito tansah asung pamuji soho syukur wonten ngerso dalem Allah SWT ingkang tansah mboten kendhat paring rohmat sarto kanikmatan, persasat mbanyumili ing sabendintenipun. Pramilo sampun saklimrahipun menawi kito soyo sengkut lan gumregut ningkataken Taqwa inggih taqwa ingkang sakleres-leresipun, wonten ing sadingah papan lan wekdal sarto ing kawontenan bungah lan susah. Awit inggih namung taqwa meniko ingkang saged milujengaken kito saking sedoyo bebendu sarto ugi angangkat drajating manungso dateng tataran ingkang langkung inggil. Kanthi taqwa meniko insya Allah kito badhe soyo caket dumateng Gusti ingkang Moho Agung inggih meniko Allah SWT. Soyo caketipun kawulo dumateng Gustinipun tentu kemawon mahanani Gusti tansoyo tresno lan welas asih dateng kawulanipun. Ingkang mekaten meniko, sumonggo Iman soho Taqwa tansah kito udi supados saged hanyarengi sowan kito wonten ngerso dalem Allah SWT..
Amin Ya Robbal 'Alamin

0 komentar:

Posting Komentar